Senin, 06 Februari 2017

DRAMA JAWA omah kosong

Mangsane istirahat. Murid liyane wis pada metu. Nanging Rizky, Heny, Mala, Tian, Gati ijeh ning njero kelas, lagi pada nggatekke ceritane Rizky.
Rizky   : eh, ngerti ora? Nang desane aku lak ono omah sek wes sui ra di enggoni. Njuk Tanggane aku wingi mbengikan lewat kono, mlaku,  pas mengo neng omah kui tanggane aku ki weruh pocong neng njero jendelo omah kosong kui..
Gati     : opo kui? Ra mutu. Ora ngandel ah.
Mala    : hussssttttt, kosek to. Rung rampung leh crito. Trus ke Riz!
Rizky   : yo tanggane ki banjur mlayu. Kepethuk tangga liyane njuk crito.
Tian     : lanang po wedok leh diweruhi ?
Rizky   : lanang.
Heny   : umur piro ris? Tuwo rung? Ganteng ra? Ijeh sekolah?
Gati     : meh kenalan opo pye?
Rizky   : umur 20. Haha. Lumayan, tapi wis lulus kok.
Heny   : ah, rasido.
Mala    : emang cepak po omah kosong kui ro omahmu?
Rizky   : lumayan sih, keletan 5 omah.
Mala    : owh, ha cepak kui. Emang kowe rung tau diweruhi?
Tian     : halah, seng cerito ngono ki meng gawe wong seng weden. Ora mungkin, mosok wong mati gentayangan njuk nguni omah.!
Gati     : ho’o bener kui. Kepye nek dewe sek buktiake. Men do percoyo, ora meng seko cerito iki tok. Kepiye?
Heny   : aku setuju kui Gat, kepriye nek ngko mbengi ae? Mumpung malem jumat kliwon. Pye?
Gati     : aku ngono setuju ae. Lah rizky gelem ngancani ora? Dewe kan rung tau rono. Ra ngerti sek endi!
Mala    : we? Opo? Pakeme? Aku ora ah.
Rizky   : aku gelem, tapi tak udohke omahe njuk tak tunggu neng ngarep ae ya? Pye?
Heny   : oke, sopo wedi!!
Tian     : eh, yakin? Ora wedi po/ ngko nek di gowo setane njuk diajak neng kuburane njuk kowe kowe ra iso bali neh pye?
Mala    : ho’o. Piye jal? Aku lak jeh pengen konconan karo kowe-kowe to. Mbok ojo to. Aku wedi kalian kenapa-kenapa eg.
Gati     : walah, orane. Santai ae. Haha. Jiden kowe ki mal.
Heny   : ah, ket mbiyen mala jiden ki gat.
Heny, Gati, Tian, Rizky : Hahaha.
Rizky   : lah, kowe meh melu ra ian?
Tian     : aku ngko mbengi ono acaran yasinan eg nang omahe aku. Sorry ya. Hehe. Pengen sih, tapi kok aku mesti raoleh ro ibune nek ora melu yasinan.
Heny   : owh, yowes. Pakem ki ngko mbengi Gat, Riz?
Gati     : aku ngono pakem. Penasaran eg.
Rizky   : ngerti omahku to? Lah ngko mbengi langsung rono ae, tak ter tkan ngarep omah sek horor kui.
Heny   : oke.
Bel mlebu muni.
Mbengine, Heny karo Gati kumpul ning omahe Rizky. sakdurunge lungo, Rizky nyangoni senter gawe madangi pas neng njero omah. Maklum, neng njero omah kui peteng, ora ana lampu sek murup, amarga wis ora tau di urus meneh.
Rizky   : wis mantep? (Karo namatke Heny karo Gati)
Heny   : ah, meng ngene. Kecil. Ora butuh persiapan sek khusus. Haha
Gati     : iyo. Njo lek ndang mangkat.
Rizky   : iku omahe. Pye? (karo nunjuk omahe)
Heny   : yo lumayan medeni sih. Tapi iku mergo wes sui ra dinggoni njuk ono kesan medeni kui to.
Gati     : njo mlebu.
Heny banjur ngetutke Gati sek nggocek senter neng mburine.
Heny   : Gat, alon wae. Aku ojo tinggal ya. Ra nggowo senter eg.
Gati     : ah, jare ra wedi?
Heny   :ncen ora, neng kok peteng yaa.
Cah loro kui mlaku-mlaku alon nang njero omahe. Nangeng, teko-teko lampune kedap kedip dewe.
Heny   : eh, kenopo iki? Gat gat gat
Gati     : opo to? Meng ngono kok. Ikikan mergo ra tau diurus kui.
Teko-teko2 seko lawang ngarep metungul pocong.
Gati dan Heny : aaaaa ampun ampun. (karo terus mundur njuk keweden)
Nangeng, seko lawang mburi metungul kuntilanak. Cah loro kui tambah keweden.  Kunti karo pocong selot nyepak, gati karo Heny yo selot wedi njuk nangis. Gati malah nggasi ngompol.
Gati dan Heny : aa, ampun mbak kunti, mas pocong. Dewe ijeh pengen urip..
Pocong dan kunti selot cepak. Nangeng teko-teko do meneng. Kunti teko-teko njikuk senter seko tangane gati. mengambil senter yang ada di tangan Gati.
Kunti   : heh cah enom. Nyileh sentere sek ya. Meh mbenekke lampu. Ndak mati urip mati urip terus.
Gati     : o o o o i yo yo. Ji ji ji kuk ae
Heny keweden neng karo bingung. Mosok setan mbenekke lampu harang? Nggowo senter, emang setan jaman jaman sakiki luwih seneng padang ketimbang peteng ya? Owh, berita anyar ki.
Pocong            : oalah, cah enom. Meng meh nyileh sentere ae nggasi ngompol. (karo mlaku ninggalke Heny lan Gati)
Kunti   : ho’o kui. Emang dewe medeni ya? Mesti kok nek sek weroh dewe kok sok keweden. (karo mlaku ninggalke Heny lan Gati bareng pocong)
Rizky   : eh, ono opo? Kok njerit-njerit ae.?
Heny   : mau ono pocong,
Gati     : karo kunti sek marani dewe.
Heny   : nyepaki dewe, tak kiro meh mateni, jebul meng njikuk senter sek di gwo gati mau.
Rizky   : ha? Mosok sih? Haha. Aneh-aneh ae.
Gati     : tenan kui. Aku weroh dewe. Nggasi ngompol ki lo.
Rizky   : yowes njo bali. Ceritane teruske sesuk neng kelas wae. Selak ngantuk eg aku tur iki wis mbengi, nek kewengen iso seneni bapak ibuke aku ngko.
Esuke, pas Mala karo Tian mangkat Gati uwis ono ning kelas. Gati meh cerito kedadian mau mbengi, nanging langsung dipedot Heny sek teko.
Mala    : eh, kok ijeh urip to gat? Haha.
Tian     : sido ra to mau mbengi?
Gati     : sido. Eh, tapi aku kok jeh geli. Aneehhhh banget.
Mala    : lah, emang knopo? Haha.
Gati     : mosok to..
Heny   : eh, wes do kumpul. Haha.
Rizky   : mau mbengi do wanen ki. Do ktemu tenan ro setane.
Tian     : ho’o po? Wah, jane mau mbengi melu ya.
Mala    : hus hus hus. Pye gat critane?
Gati     : dewe kan mlebu. Njuk pertamane lampune mota-mati, teko2 seko ngarep ono kuntilanak, seko  mburi ono pocong. Kuntilanak karo poconge terus nyepaki dewe.
Mala    : ha? Njuk pye pye?
Heny   : tak kiro yo meh mateni dewe ya, jebule opo jal? Meng meh njikuk senter sek digowo gati. Edan pora?
Tian     : ah, kui crito opo meneh? Oraono sejarah crito kyo ngno. Hahaha. Aneh ae
Mala    : hahaha. Mosok sih? Horor kok malah marakke ngguyu. Hahaha
Rizky   : aku ae maune percoyo ra percoyo ndak. Tapi gati ae nggasi ngompol ngono kok.
Gati     : sssssssssttttt ah kowe ember kok.
Tian    : ho’o po gat? Haha. Ngelek-ngeleki cah lanang ae kowe ki.
Mala    : haha. Nek kabeh setan koyo ngno, aku dadi ra jiden neh.
Tian     : walah, nek kamu weruh setan ki sek wedi ndisek setane lah. Haha
Mala    : -_- ah, ngece
Rizky   : lah pye? Heny gati,? Wis percoyo durung bar ngono ki?
Heny   : haha. Aku jane mau mbengi ngimpi ora to? Setane ki jane setan tenanan po ora?
Gati     : ho’o ya. Aneh banget. Nek gawe berita njuk diwawancarai dewe iso mlebu tv hen. Hahaha
Heny   : ho’o ya, njuk terkenal. Wkwkwk
Tian     : nah, nek kui gek ngimpi!
Mala    : haha, yowes ah. Pengalaman to. Nek jane ki dunia lain, selain manusia ki ncen ono. Tapi nek dewe ora ganggu, mesti ora bakal di ganggu kok.
Heny   : hehe, iyo-iyo. Aku setuju kui.
Rizky   : eh, bel masuk kae.
Tian     : mending dewe akhiri dramane ae.
Mala, Heny, Rizky, Gati, Tian pada ngumpul, banjur ngucapke maturnuwun marang konco-konco lan guru utawa juri
😃😃😄😄😄 -----T A M A T-----


Tidak ada komentar:

Posting Komentar